Contoh Teks MC Bahasa Jawa untuk Acara Santunan Anak Yatim, Dilengkapi Beserta Susunan Acaranya

- 20 Juli 2023, 20:06 WIB
Contoh Teks MC Bahasa Jawa untuk Acara Santunan Anak Yatim, Dilengkapi Beserta Susunan Acaranya
Contoh Teks MC Bahasa Jawa untuk Acara Santunan Anak Yatim, Dilengkapi Beserta Susunan Acaranya /pexels.com

MEDIA BLITAR - Artikel ini menyajikan contoh teks MC dan susunan acara untuk acara santunan anak yatim di bulan Muharram, Tahun Baru Islam.

Contoh teks MC yang tersaji di artikel ini berisi dengan bahasa jawa. Sehingga anda bisa menggunakannya saat acara di lingkungan.

Masyarakat Jawa yang menggelar acara biasanya diisi dengan MC berbahasa Jawa agar masyarakat desa bisa memahami dan suasana lebih melokal.

Berikut contoh teks MC berbahasa Jawa untuk kegiatan santunan anak yatim, lengkap beserta susunan acaranya.

Baca Juga: Contoh Teks MC Acara Peringatan Tahun Baru Islam dan Santunan Anak Yatim: Simpel, Mudah, dan Lengkap

Contoh Teks MC Bahasa Jawa

Assalamu'alaikum Wr. Wb.

Alhamdulillahirabbilalamin, wa bihi nasta'inu 'ala umuridun yaa waddiin, wa sholatu wassalamu 'ala asrofil mursalin wa'ala alihi wa shohbihi ajma'in, ammaa ba'du.

Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Desa (nama desa) saha para punggawanipun
Kawulo hormati Ketua Masjid Takmir (nama masjid)
Semanten ugi para hadirin jamaah pengajian ingkang dipun mulyaaken Allah

Langkung rumiyin sumangga kita ngaturaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT, sahingga ing dalu punika kita taksih pinaringan nikmat iman, islam, saha kasarasan sahingga kita saged ngrawuhi majelis ilmu satemah wilujeng warsa enggal islam utawi 1 Muharram 1444 H.

Baca Juga: Wonwoo SEVENTEEN Berbagi Kegiatan Terbarunya yang Akan Gelar Konser di Seoul Bersama SEVENTEEN

Mugi-mugi kempalan kita ing mriki saged nuwuhaken berkah, kanikmatan, saha manfaat, ugi nambahi kiyatan iman lan taqwa kita, amin, Gusti ingkang murbeng alam.

Mboten kesupen sholawat saha salam kito aturaken dumateng junjungan kita nabi agung Muhammad shollallohu alaihi wasalam.

Tokoh teladan kanggo manungsa, nabi akhir zaman ingkang tansah kita ngarepake syafaat ing Yaumil qiyamah.

Kula dateng mriki minangka pranatacara, bakal maosaken susunan acara ing dalu punika.

Baca Juga: Kapan Puasa Sunnah Tasua dan Asyura Dilaksanakan? Cek Jadwal Puasa dan Bacaan Niat Arab-Latin di Sini!

Agenda “Peringatan Tahun Baru Islam uga Santunan Anak Yatim ing Masjid (.....)” inggih punika:

1. Pembuka
2. Pengaosan Ayat Suci Al Quran
3. Sambutan-sambutan
4. Mauidloh Hasanah
5. Santunan ingkan diiringi sholawat
6. Doa dan Penutup

Damel miwiti adicara punika sumangga kita sesarengan maos surah ummul Qur’an kanthi tujuan adicara ing dalu punika saged lumampah lancar lan boten wonten alangan setunggal menapa.

Ilaa hadhrotin nabiyyil mushthofaa, Muhammadir rosuulillaahi shollalloohu 'alaihi wasallam wa'alaa aalihii wa ashhaa bihii shai-ul lillaahi lahuu walahumul faatihah.

Baca Juga: TERBARU! Teks MC Acara Santunan Anak Yatim di Bulan Muharram, Lengkap Beserta Susunan Acara

Adicara ingkang kaping kalih inggih menika waosan ayat-ayat suci Al-Qur’an ingkang badhe dipun aturaken dening (nama penanggung jawab). Dhumateng ingkang bertugas kawulo sumanggaaken.

(Waosan Ayat Suci Al Qur'an)

Matur nuwun ingkang kawulo aturaken, mugi-mugi kito sedoyo pikantuk ganjaran saha hikmah saking waosan ayat-ayat suci Al-Qur’an ingkang sampun kawaos sakderengipun.

Acara ingkang kaping tiga inggih menika sambutan. Adicara ingkang sepisanan badhe dipunandharaken dening ketua panitia kegiatan inggih menika (nama penanggung jawab). Dhumateng panjenenganipun kula sumanggaaken.

(Sambutan)

Kula aturaken matur nuwun.

Baca Juga: Kim Go Eun dan Noh Sang Hyun Dikonfirmasi Perankan Film Love In The Big City

Sambutan salajengipun badhe dipun aturaken dening pak lurah desa (nama desa), nggih menika (nama lurah). Dhumateng panjenenganipun kula sumanggaaken.

(Sambutan kedua)

Matur nuwun.

Salajengipun adicara ingkang kaping sekawan, inggih menika adicara puncak dinten menika, inggih menika mauidloh hasanah. Tausiyah ing dalu punika badhe dipun aturaken dening ustadz (nama ustadz). Dumateng panjenenganipun wekdal saha tempat kula sumanggaaken.

(Mauidhoh Hasanah)

Matur nuwun wejangan-wejangan ingkang sampun kaaturaken. Mugi-mugi kito saget pikantuk hikmah lan saged ngamalaken menapa ingkang sampun dipun aturaken dening ustadz (nama ustadz).

Baca Juga: Sinopsis Drama Korea My Dearest yang Diperankan Namkoong Min dan Ahn Eun Jin

Para rawuh ingkang minulya, adicara salajengipun inggih menika santunan ingkang badhe dipun iringi waosan sholawat dening grup (nama kelompok sholawat).

Mangga adik-adik majeng dateng panggung lan baris. Para rawuh lan para undangan lajeng giliran ngelus adik-adik yatim, diwiwiti saking sisih tengen.

Grup sholawat ingkat bertugas, kula sumanggaaken.

(Santunan)

Hadirin rahimakumullah. Alhamdulillah acara demi acara sampun terlaksana. Sapunika sampun dumugi pungkasaning adicara inggih menika donga lan panutup.

Waosan donga ing kegiatan dinten punika badhe dipun pimpin dening ustadz (nama ustadz). Dhumateng panjenenganipun kula sumanggaaken.

(Wacan Doa)

Alhamdulillahi robbil alamin, mugi-mugi do'a ingkang kito sedoyo dipun kabulaken dening Allah SWT, amin.

Baca Juga: NONTON Drakor Delightfully Deceitful Full Episode 1-16 END Subtitle Bahasa Indonesia, Full HD, Resmi

Para rawuh ingkang kinurmatan, Alhamdulillah rangkaian acara dinten menika sampun rampung. Pramila sumangga acara menika kita tutup kanthi waosan Hamdallah.

Alhamdulillahi robbil alamin.

Kula minangka pembawa acara nyuwun agunging pangapunten menawi wonten kalepatan anggen kula matur.

Wallahumuwwafiq ila aqwamitthariq
Wassalamualaikum wr.wb.

Itulah contoh teks MC berbahasa Jawa untuk kegiatan santunan anak yatim, lengkap beserta susunan acaranya. ***

Editor: Ayu Eviana


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah