Contoh Teks MC Maulid Nabi - Bahasa Jawa, Lengkap Beserta Susunan Acaranya

- 4 Oktober 2022, 11:45 WIB
Contoh Teks MC Maulid Nabi - Bahasa Jawa, Lengkap Beserta Susunan Acaranya
Contoh Teks MC Maulid Nabi - Bahasa Jawa, Lengkap Beserta Susunan Acaranya /Pixabay.com/blessonkunjumon

MEDIA BLITAR - Inilah contoh teks MC Maulid Nabi dengan bahasa Jawa yang bisa anda jadikan referensi.

Artikel ini akan menyajikan contoh teks MC Maulid Nabi lengkap dengan susunan acaranya.

Saat memperingati Maulid Nabi, umat muslim biasanya mengadakan berbagai macam acara seperti pengajian, lomba, dan lain sebagainya.

Bagi yang berkesempatan untuk menjadi MC atau pembawa acara dalam kegiatan peringatan Maulid Nabi, anda bisa menggunakan tontoh teks MC yang ada di artikel ini.

Berikut contoh teks MC Maulid Nabi yang dikutip dari buku yang berjudul Pedoman Praktis MC & Pidato: Berbahasa Jawa Dalam Berbagai Acara, yang diterbitkan oleh CV. Pustaka Agung Harapan Surabaya.

Baca Juga: PROFIL BIODATA Nama Anggota Pasheman'90 Pemenang Juara 1 Indonesia’s Got Talent 2022: Nama Danton

Contoh Teks MC Maulid Nabi - Bahasa Jawa:

Assalaamu'alaikum Warahmatullaahi Wabarakaatuh.

Hadirin, poro undangan ingkang kulo hormati.

Langkung rumiyen wonten ing dalem kesempatan ingkang berbahagiya niki, monggo kulo lan panjenengan sedoyo raos syukur dateng ngersanipun Allah swt. amergi kito sampun dipun paringi nikmat lan hidayahipun, sehinggo kito saget kempal lan dugi wonten acara peringatan kelahiran nabi Muhammad saw. lan boten wonten alangan setunggalipun punopo-punopo.

Shalawat lan salam, mugi-mugi tetep terlimpahkan dateng Nabi Muhammad saw. keluarganipun, poro sahabatipun, ugi kaum muslim sedoyo.

Baca Juga: TOTAL Hadiah Pemenang Indonesia’s Got Talent 2022: Pasheman'90 Dapat Mobil dan Uang Tunai Ratusan Juta

Lan mugi-mugi kemawon kito sedoyo dados umat beliau ingkang purun ngamalaken ajaran Islam kelawan estu-estu.

Kangge nyingkat wakdal, langsung kemawon kito waosaken susunan acara ing dalem peringatan kelahiran nabi Muhammad saw.

Lan sakderengipun kulo waosaken, monggo buka acara niki kelawan bacaan Basmalah; Bismillaahir Rahmaanir Rahiim.

Susunan acara selengkapipun inggih meniko:

- Setunggal: Pembukaan, ingkang kolo wahu sampun kulo buka.
- Kaping kalih: Waosan ayat-ayat suci Al Qur'an.
- Lan kaping tigo: Sambutan saking ketua Panitia Pelaksana.

- Kaping sekawan: Pengaosan agami.
- Lan kaping gangsal: Istirahat
- Kaping enem: Waosan do'a lan penutup.

Baca Juga: LENGKAP HASIL Pemenang Indonesia Got Talent 2022: Pasheman 90 Juara 1, Cassidy Lee Juara 2, N Lions ke 3

Undangan sedoyo ingkang dipun mulyakaken Allah. Langsung kemawon monggo acara niki kito buka kelawan waosan suratul Faatihah. Al Faatihah...

Dipun lajengaken acara ingkang kaping kalih inggih meniko waosan ayat-ayat suci Al Qur'an, ingkang bersangkutan kulo sumanggakaken.

(Jeda)

Hadirin sedoyo ingkang kulo hormati.
Lan acara ingkang kaping tigo inggih meniko sambutan saking panitia pelaksana. Ingkang bade dipun sampekaken dening bapak (nama), dumateng panjenenganipun dipun sumanggakaken.

(Jeda)

Mekaten kolo wahu sambutan saking ketua panitia pelaksana. Lan dipun lajengaken acara ingkang kaping sekawan inggih meniko ceramah agami.

Ing dalem wakdal niki bade dipun sampekaken dening ingkang kulo mulyakaken bapak (nama), dumateng panjenenganipun wakdal sakcekapipun kulo sumanggakaken.

Baca Juga: Link Streaming Tayangan Ulang Indonesia vs Guam Grup B Qualifiers AFC U-17 Asian Cup 2023 Full Match Gratis

(Jeda)

Mekaten kolo wahu ceramah agami ingkang sampun dipun sampekaken. Mugiyo kito saget memahami, semanten ugi kito ngamalaken ing dalem gesang saben dinten.

Poro undangan sedoyo ingkang kulo hormati.
Dipun lajengaken acara ingkang kaping gangsal inggih meniko istirahat. Pramilo saking niku wakdalipun istirahat niki monggo kito sambi kaliyan nedoh lan nginum sakwontenipun ingkang sampun dipun siapaken petugas konsumsi.

(Jeda)

Wakdalipun istirahat kulo raos cekap. Lan acara selajengipun inggih meniko waosan do'a. Ingkang dipun sampekaken panjenenganipun bapak (nama), dumateng panjenenganipun kulo sumanggakaken.

Baca Juga: Link Streaming Tayangan Ulang Indonesia vs Guam Grup B Qualifiers AFC U-17 Asian Cup 2023 Full Match Gratis

(Jeda)

Hadirin sedoyo undangan ingkang dipun mulyakaken Allah.
Kulo sampekaken matur sembah nuwun dumateng bapak (nama) ingkang sampun waosaken do'a kolo wahu. Mugiyo dipun kabulaken Allah swt. Amiin Yaa Rabbal 'Aalamiin.

Sedoyo undangan ingkang kulo hormati.
Lan dipun lajengaken acara ingkang paling akhir inggih meniko penutup.

Lan sakderengipun acara niki kulo tutup kulo atas nami ingkang mbetoh acara niki, bilih wonten kelepatanipun kulo nyuwun agunge pangapunten dateng panjenengan sedoyo.

Lan monggo acara niki kito tutup kelawan waosan hamdalah; Al Hamdulillaahi Rabbil.

Akhirul Kalaam. Wal 'Afwu minkum.
Wassalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh

Itulah contoh teks MC Maulid Nabi dengan bahasa Jawa, lengkap beserta susunan acaranya. ***

Editor: Farra Fadila


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah